ATEGES KOPET

KOPET


Sampeyan sing lair sakwise reformasi mesthi ra ngerti tegese tembung kopet. Sok-sok ana sing ngarani kepet. Tembung iki tegese rada kemproh, naah apa maneh kuwi kemproh?

Tembung kopet asring diunekke kancaku yen pas nyetir. Yen mobil ngarepe mlakune alon-alon njur angel disalip dhewekne mesthi ngomong, ooo mobil kopet.
Apa hubungane mobil karo kopet? Perlu sampeyan ngerteni, kopet kuwi tegese wong kang bubar buang hajat njur ora reresik. Mesthi wong mau mlakune mekeh-mekeh kaya wong bar disunati tur ora isa kebat.
Naah, ketemu ta hubungane, dadi yen mobil mlakune alon-alon ra isa banter, persis wong kopet.
Kemproh = jorok
Mekeh-mekeh = berjalan dengan kaki sedikit kangkang
Kebat = cepat

Related Posts:

0 Response to "ATEGES KOPET"